Wanita Tanggon ing Bukune Peter Carey

7 Desember 2024

Sejarawan Peter Carey lan desainer busana Melissa Sunjaya nerbitake buku sejarah cacah loro ngenani ‘perempuan perkasa.’ Ngudi ngangkat paraga wigati sing perane ora tau kocap amarga isih kenthel-e budaya patriarki sing lumaku wiwit biyen nganti saiki.

LAYAR proyektor iku nyorotake tayangan video saka YouTube. Ngatonake blegerne wanita sarta panggawane ngenani bisnis desain busana kang ditekunii wiwit 2006. Bisnis iku duwe brand prodhuk kanthi jeneng Tulisan. Dheweke desainer wanita mau aran Melissa Sunjaya. Melissa Sunjaya uga dikenal kadidene artis grafis.

Jroning video mau Melissa karungu luwih ngandharake menawa Tulisan mujudake impene kang dadi kasunyatan. Dheweke nitik usaha iku wiwit saka ngisor. Lan dalan kanggo nggayuh impen mau, kandhane Melissa, ora mulus jalaran kebak dening tantangan. Butuh makarya kanthi sregep sarta pangurbanan kang ora sithik.

“Aku ora nggatekke rasa wedi ngunjungi diriku. Sebab saben kegagalan sejatine minangka kalodhangan kanggo terus sinau amarga rikala ana sangsaya rosa,” tuture Melissa. Dheweke uga keyakinan manawa samubarang gegayuhan bisa diranggah sauger kita tansah kebak semangat lan ora gampang nglokro.

Ukara-ukara kebak motivasi kuwi diputer ing kegiatan kuliyah umum kampus Universitas Ciputra Surabaya, Senen, 18 November 2024. Ngangkat tema Historypreneurship: Synergies between History, Culture and the Creative Industries in Indonesia, mestine Melissa dadi salah sijiing pemateri. Nanging sarehne dheweke iki sibuk ngurusi bisnis ing Spanyol, kepeksa ora bisa nekani kegiatan mau sacara fisik.

Sanadyan Melissa mung ngandharake motivasi lumantar video, nanging ora nyuda gregete.kuliyah umum. Sebab pemateri utama, Peter Carey, sejarawan kebangsaan Inggris, bisa rawuh langsung menyang Universitas Ciputra sarta paring sesorah marang udakara mahasiswa cacah 100 sing ngebaki ruangan.

Nyemak sesorah Carey kanthi adu arpe klebu kalodhangan langka. Kejaba ora mesthi bisa ngrampungi langsung undangan-undangan kuliyah umum, Carey duwe jadwal imuwan sembarangan. Dheweke sejarawan kang akeh nitih sejarah Indonesia. Mbokmenawa sapareang yuswane sing samengkio wis ngancik 76 taun dientukan kanggo nitih sejarah Indonesia. Buku kang ditulis wis akeh. Salah siji kang manjaliya yakui ngenani peran Diponegoro.

Ing kalodhangan paring kuliyah umum mau Carey luwih akeh ngrembug babagan wanita-wanita tanggon Indonesia. Salah sijine sing dirembug yaiku Melissa Sunjaya. Miturut Carey Melissa wanita luar biyasa. Sebab break ketemuane ngenoman bisnis, taun 2012 Melissa wis bisa nglanglang bawana. Melissa uga nglakokake bisnis kanthi bener, lire ora tau ngibarat rambut-rambu. “Karyawané dibayar ora sing paling dhuwur, nanging diselarasake karo kaprigelan (skill) lan dedikasi,” kandhane Carey.

Samengkio Tulisan sangsaya ngrembaka lan nduweni aset perusahaan ora kurang saka Rp 12 milyar. Mbokmenawa gunggung samono kuwi ora akeh tumrap sawijine usaha, nanging mungguhe Carey banget fantastis awit sakabehe pakaryan ditandangi Melissa kanthi mandhiri. “Iki luwar biyasa kanggoku awit Melissa sawenehe wanita sing ijen. Apa maneh dheweke isih kudu ngadhepi budaya patriarki sarta birokrasi sing ruwet,” ujare Carey.

Kebeneran, Carey lan Melissa mentas kolaborasi nerbitake “buku saku” cacah loro. Buku kapisan asesirah Perempuan Perkasa. Desain samak (cover) dirancang dhewe dening Melissa. Nalika Melissa pinuju nggarap cover-e buku mau, ana “mukjizat” gambar saka abad XVII kang ngatonake Mangkurat Mas lagi mrajaya garwane. Kawiyake gambar mau antuk kawigatene Kraton Yogyakarta. Kabare Kraton Yogya duwe krenteg ngorbitake salah sijine wanita kang dadi tokoh kuwat ana tengahing masyarakat. Lan saka buku Perempuan Perkasa mau Kraton Yogya wiwit sadhar menawa ana sejarah kang narik kawigaten gegayutan karo peran-e wanita.

Dene buku kapindho mawa judhul Roekmini van Jepara. Ukuran bukune uga cilik. Kaya buku sing kapisan mau, desain samake buku kapindho iki uga disusun dening Melissa. Miturut Carey satemene pamilihe ukuran buku kang ora pati gedhe kuwi ora angger wae. Nanging mawa tetimbangan mateng magepokan karo strategi bisnis kanggo nyasar generasi mudha mligine gen Z. Klompok generasi kasebut umume kurang seneng nyinau sejarah. “Kanthi buku ukuran cilik iki ora angel dilebokake sak saengga luwih praktis yen digawa wira-wiri,” kandhane Carey.

Ing kutha Jakarta kang mobilitase klompok pekerja dhuwur, buku iku uga gampang diwaca yen pinuju budhal utawa mulih nyambut gawe numpak sepur komuter sing racak penumpange jejel riyel. Karo ngadeg cekelan gantungan, tangan sing sesisih isih bisa mbukak buku mau banjur maca nganti tekan stasiun tujuwan. Miturut Carey, isine buku sing padhet mau bakal entek diwaca saka Stasiun Serpong nganti Rangkasbitung. “Mung sak jam nganti rong jam wis kewaca kabeh,” tuture.

 

Roekmini sing Kasilep Sejarah
Ing Roekmini van Jepara, Carey lan Melissa miyak sejarah sing durung akeh diweruhi bebrayan Jawa, mligine Roekmini. Roekmini siji saka lima adhi kuwalone Raden Ajeng Kartini, pahlawan emansipasi wanita. Bebrayan Jawa ora asing maneh karo Kartini. Dheweke garwane Bupati Rembang lan aktif ana donyaning pendidikan. Ramane Bupati Jepara, Raden Mas Adipati Aryo Sosroningrat. Kartini tinggal donya ing umure kang kepetung isih mudha, yaiku 25 taun. Sedane Kartini isih nyalawadi, awit kober ana panduga panjenengane diracun.

Yen Kartini banget dikenal, klebu lelakone nalika dadi wanita pingitan, kosok balen karo Roekmini sing sejarahe ora tau kocap. Mangka Roekmini lair saka garwa prameswari, dene Kartini sing miyos saka garwa ampeyan, Mas Ajeng Ngasirah. Akeh sing durung ngerti menawa satemene Roekmini uga sawijining seniman sarwa bisa. Bakate gedhe. Nalika dheweke diajak Landa, Roekmini ngirim gambar loro sarta ukiran khas Jepara marang Ratu Wilhelmina kang winisudha minangka Ratu Walanda ing umur 18 taun tanggal 6 September 1898.

“Roekmini kuwawa menehi roh lan jiwa anyar marang cakrik ukiran Jepara kang nalika kuwi lagi jroning kahanan surut pepayone kasebab dening mutune kang ajlog,” tuture Carey.

Sing iya mbedakake karo Kartini, Roekmini wani nulak dijodhokake karo priya kang dudu pilihane. Sikepe Roekmini mau klebu aeng kanggo ukuran jaman semana. Jalaran kulinane kenya ora kena nduwa nalika dijodhokake dening wong tuwane. Nanging Roekmini wani milih dhewe priya sing kepengin dadi jatu kramane, yaiku wedana saka Mayong, Mas Santoso.

Saben ndina Roekmini blusukan menyang satengahe kawula cilik kanggo menehi sesuluh kepriye bisane ngatur kesehatan, utamane gegayutan karo panganan sing pantes dikonsumsi. Roekmini uga aweh sesurupan carane ngundhakake kemakmuran kulawarga sarta urip sukses sing jumbuh karo jamane.

Nalika garwane tinggal donya, Roekmini pindhah menyang Kudus. Ing kana dheweke kepeksa kudu sregep makarya kanggo nguripi anggota kulawargane sing mundhak akeh sawise ibune sumusul saka Jepara lan adhine melu nggamblok pisan dadi saomah. Nanging Roekmini bisa dadi panutan. Taun 1935 salah siji adhine Roekmini pratela menawa mbak ayune mau bener- bener wanita sing tanggon. Ing jaman nalika wanita Jawa ora duwe pilihan akeh nandangi jinising profesi awit ditaleni adat istiadat sing kuwat, Roekmini isih keconggah aweh mangan marang kabeh anggota kula wargane.

Roekmini rila ngubur impene lunga menyang kutha Den Haag, Belanda saperlu nekuni profesi minangka pelukis ing Negara Kincir Angin kana. Mangka bakat nggambare Roekmini onjo banget. Miturut Carey lukisane Roekmini ora kalah karo maestro seniman lukis Raden Saleh. Roekmini uga fasih abasa Landa. Kepara dheweke tau kirim layang marang Ratu Belanda nganggo basa Landa sing runtut.

Carey ngakoni menawa proyek buku loro sing digarap bebarengan karo Melissa Sunjaya mau mengku karep mbukak salah sijine lawang kanggo nonton adegan sejarah sing durung disumurupi wong akeh. Carey kandha dibiyantu dening Wardiman Djojonegoro jroning nyu sun buku mau. Mantan Menteri Pendidikan dan Kebudayaanjamane Presiden Soeharto kuwi duwe koleksi surat-surate Kartini sarta adhi-adhine Kartini sing kabeh mau migunani banget tumrap Carey. “Aku mbudidaya nguripake sejarah lumantar tulisan lan gambar,” kandhane Carey.

Ngrembug bab ‘perempuan. perkasa,’ satuhune tanah Jawa ora kasatan paraga nut jaman kelakone. Jaman biyen wanita Jawa malah duwe peran wigati ing kaprajuritan. Nalika Sultan Agung jumeneng nata Mataram upamane, ora ana prajuri ttungguk kemit priya ing kraton sawise maghrib. Kabeh ayahan kanggo njaga keamanane Sultan wanci bengi nganti parak esuk dipercayakake marang prajurit wanita. “Wanita mujudake militer sing peng-pengan,” pratelane Carey.

Salah sijine prajurit wanita kangtanggon ingjaman semana yaiku Nyi Ageng Serang. Trajange Nyi Ageng Serang satuhu ngedab-edabi. Dheweke keconggah ngobrak-abrik pasukan gerak cepat Walanda ing sawijining dhaerah antarane Demak lan Semarang tanggal 23 Sep- tember 1835.

Nanging saka panlusurane Carey ora ana siji wae wanita sing mlebu administrasi kolonial. Kabeh komandhan jendral dijabat dening priya. Saka kono nuduhake menawa jaman kolonialisme uga nengenake budaya patriarki. Pola budaya patriarki kolonialisme mau, miturut Carey, sethithik akeh uga ditindakake ing Islam. Yaiku padha-padha ora menehi kalodhangan omber marang thukule wanita- wanita tanggon.

Mungguhe Carey Indonesia duwe warisan sejarah kang spesial ngenani kaum wanita. Ewadene ora akeh sing sadhar ngenani prekara kuwi. Dhestun malah wong-wong saka Kulon sing ngerti akeh warisan sejarah istimewa mau. Indonesia nduweni pekerjaan rumah (PR) sing durung rampung ing babagan kuwi. “Papan panggonan sing duwe keistimewaan bakal luwih kondhang tinimbang papan sing abal-abal,” ujare Carey.